Sony Xperia X Performance - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih ing antarane sawetara resolusi lan rasio aspek sadurunge njepret. Foto karo resolusi

sing luwih dhuwur merlokake memori sing luwih akeh.

23MP

5520×4140(4:3)

Resolusi 23 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing saliyane layar

amba utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

20MP

5984×3366(16:9)

Resolusi 20 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar amba.

8MP

3264×2448(4:3)

101

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing saliyane layar amba

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

8MP

3840×2160(16:9)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar amba.

3MP

2048×1536(4:3)

Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing saliyane layar amba

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur. Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

2MP

1920×1080(16:9)

Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar amba.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret dhewe utawa foto gugus supaya kabeh bisa dipotret. Sampeyan

uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

10 det.

Setel wektu tundha 10 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

3 det.

Setel wektu tundha 3 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Mati

Foto dijepret sanalika sampeyan nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Efek Kulit Alus

Sampeyan bisa nguripake

Efek kulit mulus ing piranti kanggo nggawe werna kulit luwih

alus sithik nalika njepret selfie ing mode jepretan

Manual lan Super otomatis.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sensitivitas ISO bisa disetel supaya ngatur kanthi otomatis, utawa bisa ngatur kanthi

manual menyang setelan sensitivitas sing kisarane saka 50 nganti 3200.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Ngukur

Fungsi iki otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur cacahing sinar cahya

kanggo subyek sing pengin dijepret.

Rupa

Ngukur cacahing cahya ing pasuryan subyek, lan ngatur cahya supaya pasuryan sing ora peteng utawa

padhang banget.

Multi

Mbagi gambar menyang sawetara bageyan, lan ngukur saben bageyan kanggo nemtokake cahya sing

imbang.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pusat

Nemtokake tengah gambar, lan nyetel cahya miturut padhange subyek ing kana.

Spot

Ngatur cahya ing bageyan cilik saka subyek sing pengin dijepret.

Demek

Ngatur cahya menyang bageyan sing dipengini saka subyek nalika ndemek layar.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo motret nalika kahanan cahya surem utawa yen ana cahya

saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu kilat

ing layar kamera:

Otomatis

Kamera otomatis nemtokake manawa kahanan cahya mbutuhake panggunaan lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda werna abang ing mata nalika motret.

Mati

Lampu kilat dipateni. Kala-kala, kwalitas foto malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing kahanan

cahya surem. Njupuk foto sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing anteng.

Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah foto burem.

Lampu

Lampu kilat murup terus-terusan nalika motret.

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake kanggo gambar sing wis dipilih, supaya foto bisa paling apik.

Mati

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret kanthi manual.

Kulit mulus

Motret nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine lembut.

Anti bureng obah

Gunakake kanggo minimalake kamera obah nalika motret ing gambar sing rada surem.

Bawana

Gunakake kanggo foto sesawangan. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapiki jepretan sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis ngatur gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo foto ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga suwene wektu

cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Wengi sanggan

Gunakake kanggo motret cekel-tangan cahya-surem kanthi panyuda noise lan burem.

Sensitivitas dhuwur

Gunakake kanggo motret tanpa lampu kilat ing kahanan cahya surem. Ngurangi burem.

103

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane terang.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mripat abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret foto ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kahanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero kamar ing kahanan kurang cahya. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo foto teks utawa gambar. Nambahi kontras foto sing luwih jelas.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret

Manual.