Sony Xperia X Performance - Nggoleki nomer identifikasi piranti

background image

Nggoleki nomer identifikasi piranti

Piranti sampeyan nduweni nomer identifikasi sing unik. Nomer iki diarani IMEI

(International Mobile Equipment Identity). Sampeyan kudu nyimpen salinan nomer iki.

Sampeyan bakal mbutuhake nomer iki, nalika ngakses layanan dhukungan Xperia™

Care kanggo ndhaptarake piranti. Kajaba iku, yen piranti sampeyan dicolong, sawetara

panyedhiya jaringan bisa nganggo nomer iki kanggo ngendhegake piranti ngakses

jaringan ing nagari utawa wilayah sampeyan.

Kanggo piranti sing nduweni rong kertu SIM, ana rong nomer IMEI, siji nomer kanggo saben

slot kertu SIM.

Ndeleng nomer IMEI ing wadhah label

1

Bukak tutup slot kertu SIM nano lan slot kertu memori.

2

Copot wadhah kertu SIM/Memori. Lebokake kuku utawa barang liyane sing

pucuke dawa lan lancip ing ngisore strip label, banjur seret strip menjaba. Nomer

IMEI ditampilake ing strip kasebut.

Sampeyan uga bisa ndeleng nomer IMEI kanthi mbukak tombol telpon lan ngetik

*#06#

.

Ndeleng nomer IMEI liwat setelan piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Status > Katrangan IMEI.