Sony Xperia X Performance - Miwiti piranti nalika sapisanan

background image

Miwiti piranti nalika sapisanan

Disaranake ngisi daya baterei paling sethithik 30 menit sadurunge nguripake piranti nalika

kaping pisanan. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya, deleng

Ngisi daya piranti

ing kaca 37.

Nalika kaping pisanan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mitulungi ngonfigurasi setelan

dhasar, ngatur setelan pribadhi piranti, lan mlebu menyang sawetara akun (contone akun

Google™).

9

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nguripake piranti

Pesthekake yen baterei wis diisi dayane paling sithik 30 menit sadurunge sampeyan awit

nguripake piranti.

1

Penet suwe tombol daya nganti piranti kedher.

2

Tik PIN kertu SIM nalika dijaluk, banjur tutul

.

3

Enteni sedhela supaya piranti wiwit.

PIN kertu SIM kawitane disedhiyakake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa

nggenti PIN mengko saka menu Setelan. Kanggo ndandani kasalahan sing digawe nalika

ngetik PIN kertu SIM, tutul

.

Mateni piranti

1

Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.

2

Ing menu pilihan, tutul

Daya mati.

Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.