Sony Xperia X Performance - Setelan aplikasi

background image

Setelan aplikasi

Sawetara aplikasi bakal njaluk ijin sawise mulai gunakake. Sampeyan bisa idini utawa

tolak ijin kanggo saben-saben aplikasi, saka menu Setelan utawa saka dialog konfirmasi

Ijin. Ketentuan ijin gumantung karo desain aplikasi.

Ngidini utawa nolak ijin

Sampeyan bisa milih arepe ngidini utawa nolak ijin nalika dialog dituduhake. Yen

sampeyan wis gunakake versi Android sadurunge, akeh aplikasi sing wis diwenehi ijin

sing dibutuhake.

Menehi ijin

1

Kanggo menehi ijin, tutul

Idinake.

2

Nalika dialog konfirmasi katon kapindho, sampeyan bisa milih

Aja takon maneh

yen gelem.

3

Dialog uga bakal nerangake sebabe aplikasi butuh ijin lan gunane kanthi khusus.

Kanggo ngilangi dialog iki, tutul

OKE.

Nolak ijin

Kanggo nolak ijin, tutul

Tolak nalika dialog katon.

Sawetara aplikasi isih bisa digunakake senajan sempeyan nolak ijin.

Ijin penting

Sawetara ijin sipate wajib kanggo aplikasi supaya bisa dioperasiake kaya karepe. Ing

kasus kaya mengkene, dialog bakal menehi weruh sampeyan.

Ngatur aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi > .

3

Pilih opsi konfigurasi, contone

Idin aplikasi, banjur pilih aplikasi sing pengin

dikonfigurasi.

Menehi idin penting

1

Kanggo menehi idin, tutul

Terus > INFO APLIKASI > Idin.

2

Goleki idin penting sing diperlokake.

3

Tutul panggeser sing cocog kanggo ngatur idin.

Sampeyan uga bisa ngatur idin ing

Setelan > Aplikasi. Tutul aplikasi lan genti idin kaya sing

dikarepake.

61

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngidini utawa nolak anyaran aplikasi otomatis

Yen fitur anyaran otomatis diaktifake, aplikasi dianyari tanpa dijaluk, dadi sampeyan uga

bisa ora sadar yen volume data sing gedhe wis diundhuh. Kanggo nyingkiri kamungkinan

prabeya data sing akeh, sampeyan bisa mateni anyaran otomatis utawa ngaktifake

anyaran mung liwat sambungan Wi-Fi. Yen wis mateni fitur anyaran otomatis ing aplikasi

Play Store™ lan What's New (sing sadhiya) kanggo ngalangi panganyaran aplikasi kanthi

otomatis.

Ngaktifake utawa mateni anyaran otomatis kanggo kabeh aplikasi ing Play Store

1

Saka

Layar Ngarep, tutul , banjur golek lan tutul .

2

Tutul , banjur tutul

Setelan > Aplikasi anyaran otomatis.

3

Pilih opsi sing disenengi.

Ngaktifake utawa mateni anyaran otomatis kanggo kabeh aplikasi ing What's New

1

Saka

Layar Ngarep, tutul , banjur golek lan tutul .

2

Tutul , banjur tutul

Setelan > Aplikasi anyaran otomatis.

3

Pilih opsi sing disenengi.

Nyambungake aplikasi

Piranti sampeyan bisa nemtokake aplikasi gawan kanggo nangani sambungan web

tartamtu. Artine yen sambungan wis diatur, sampeyan ora perlu milih apliaksi saben

mbukan sambungan. Sampeyan bisa genti aplikasi gawan kapan wae pengin.

Ngatur tautan aplikasi saka menu Setelan

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Tutul lan goleki

Mbukak tautan.

4

Pilih aplikasi, banjur setel setelan kaya sing dikepengini.